Jangkepe Kaendran

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

JANGKEPE KAENDRAN

"Bethoro-Lelembut-Dedhemit-Memedhi-Peri Prayangan-Bongso sarpo-Brekasaan-Siluman"

Kaendran ateges jejagading bongso alus, yoiku endraloka
bongso alus kang wus sampurno kaaran bethoro
bongso bethoro iku sing kuoso marang kaendran
wong kaendran, hiyo bongso endraloka iku jalmo dudu dumadi
dene bongso dumadi iku ngenggoni arcopodo (janaloka)
Bongso bethoro iku bedo karo bongso lelembut
dene bongso lelembut iku wong kaendran sing ngudi kasampurnan
koyo sing kaaran gandaruwo, iku sawijining bongso lelembut
ugo sing diarani mustikaning jagad iku hiyo lelembut
bongso lelembut iku wus ora dhemen tetulung marang kabeh dumadi
ugo ora dhemen nggudo bongso dumadi
bongso lelembut iku mung ngupoyo dhirine nuju kasampurnan
ateges sampurnaning wong kaendran

Bongso lelembut bedo karo bongso dedhemit
dedhemit iku biso srawungan karo manungso
hiyo dhemen lan gelem tetulung marang manungso
dedhemit keh kehane ono ing pegunungan utowo alas

Bongso dedhemit hiyo bedo karo bongso memedhi
sing kaaran memedhi iku koyo wewe gombel, ndas glundung, colok isp...
yoiku wong kaendran sing dhemen nggudo manungso
ateges dhemen jail marang manungso

Bongso memedhi iku bedo karo peri prayangan
bongso peri iku sawijine wong kaendran sing manggon ing pucuke wit witan
jejuluk putri kembang
dene peri prayangan bedo karo bongso sarpo
bongso sarpo iku wong kaendran sing ngenggoni rowo rowo
bongso sarpo iku dudu bongso brekasaan
dene brekasaan iku wong kaendran sing jejuluk leletheking jagad
yoiku sawijine wong kaendran sing ora duwe tuju opo opo
hiyo ora arep anggayuh opo opo

Dene siluman iku wong kaendran bongso moyo
bongso siluman praupane hiyo praupan moyo
koyo asu baong, jaran penoreh isp..
sing mesti bongso siluman iku ndunungi pesugihan
lantaran nganggo tumbal nyowo
koyo tuyul ugo buto ijo iku hiyo siluman
sing diramut manungso kanggo pesugihan

Kang koyo mangkono kabeh iku podo2 wong kaendrane
mung bedo jejagate..
terange mangkene :
ning arcopodo iki ono bangsane manungso, bangsane gegremetan, tetuwuhan, sato isp..
sing kabeh mau podo podo bongso dumadi mung bedo jagate..
jagate manungso bedo karo jagate wedus sapi
dene jagate wedus sapi iku suket gegodhongan
manungso biso ngenggoni jagate wedus sapi
mung wedus sapi ora biso ngenggoni jagate manungso
mulo uwong biso mangan gegodhongan nanging wedus sapi ora biso ngombe kopi
manungso biso weruh wedus sapi ananging wedus sapi
weruhe marang manungso ora jangkep
bedo maneh karo bangsane tetuwuhan, iberan ugo gegremetan
podo podo urip ing arcopodo mung bedo jagad uripe
iku pepindhane bongso bethoro - siluman

Sing koyo mangkono iku amergo jiwoe ora podo
mulo gelar jagad uripe hiyo bedo
wong kaendran iku jiwoe jiwo alus
jagate hiyo alus, mung alus iku dadi kasar kanggone sing luwih alus
angin iku alus, mung iku kasare udara, udara hiyo alus mung iku kasare howo.

PEPENGET
Praupan utowo rerupan iku dudu jagate urip, ananging iku jejagading pandulu
Alus kasar dudu alus kasab, alus kasab iku lembut ora lembut
alus kasar iku njobo njero, koyo dene lemah klawan banyu ; lemah iku kasar, banyu iku alus ; lemah ora biso ing njerone banyu, mung biso kumambang ing banyu
dene banyu biso ing njerone lemah, amergo banyu luwih alus tinimbang lemah, banyu iku alus mung udara luwih alusan maneh
mulo banyu ora biso ing njerone udara, bisane mung kumambang ing udara ; nanging udara biso ing njerone banyu

Ning kaendran iku ono swargo lan narokoe ; mung swargo narokoe iku alus
ora podo karo swargo narokoe arcopodo, mangan enak turu enak iku rogo ; swargoe arcopodo
koyo nesu, muring, dhemen, bungah, gething, susah iku rahsa ; swargo narokoe kaendran

Swargo narokoe endraloka iku hiyo bedo bedo, bedo ing kaalusan
kaalusan sing koyo epek epek karo driji tangan sing nggrayah2..
ono sing alus, kurang alus, kurang alusan maneh...

Sing dunungi bongso bethoro nganti siluman iku dudu rupane ananging jiwo-roso-uripe
jiwo roso urip iku tritunggal

Nunggal iku ono nunggal pisah ono nunggal lebur
nunggal lebur iku salin kahanan, nunggal pisah ora salin kahanan

Wong kaendran iku dhiri dhiri bongso endraloka
Wong bongso kaendran iku dhiri dhiri janaloka sing ngemperi wong kaendran
Wong kaendran iku jalmo urip ing endraloka
Wong bongso kaendran iku dumadi sing mirip jalmo endraloka ; sing mirip dudu rupane ananging jiwoe

Ora kabeh manungso iku jiwoe jiwo bongso janaloka ; ono sing bongso kaendran, kadewatan ugo kajaten
Dene sing kaaran bongso iku : urip sing wus ono rupane
koyo lamphor ugo jrangkong iku hiyo dudu bongso kaendran ; iku bangsane teluh
koyo bongso karuhun-dhanyang-krambyangan iku dudu bongso kaendran ; iku dumadi sing durung njalmo
sing ngrambyang iku dununge jiwo janaloka durung jalmo
sing dhanyang iku dununge jiwo endraloka durung jalmo
sing ngaruhun iku dununge jiwo guruloka durung jalmo
ateges durung jalmo naliko rusake rogo, patining dumadi iku dumunung ing :
dumadi wurung jalmo (rengkarnasi)
dumadi durung jalmo (ing antoropodo)
dumadi ingkang jalmo (bongso jalmo)
Ono wong weruh bangsane kaendran, weruh klawan jangkep utowo kesamaran
iku olehe weruh mesti amergo ono sesambungan (gathuk)
Gathuk - Jumbuh- Nunggal (nyawiji)
nalikane ngarani ; ning kono ono dhemite, iku mung rumangsane bae
sing ora rumongso yen nang kene hiyo ono dhemite
Triloka : janaloka-endraloka-guruloka
saknjerone janaloka ono endraloka, saknjerone endraloka ono guruloka
mulo endraloka iku ora ning kono, nanging ning kene, mung kahanane alus
olehe ngarani ning kono iku amergo ORA KINAWERUHAN ING KENE
Bangsane bethoro weruh bangsane lelembut, 
dene lelembut olehe weruh bethoro iku ora jangkep (sathithik)
bangsane lelembut weruh bangsane dedhemit, 
dene bangsane dedhemit ora weruh lelembut kejobo mung sathithik
koyo mangkono sateruse...

Weruh iku ora mesti ndulu, ono weruh sworo, ono wweruh gondho, 
dene pandulu mung weruh ing rerupan-wewarnan
Ora ono dumadi weruh endraloka kejbo wong bongso kaendran ; 
ora ono dumadi weruh guruloka kejobo wong bongso kadewatan..
Manungso manunggale roso iku nunggal pisah, koyo dene wutuhe rogo, dudu nunggal lebur ; dene lebur iku ono : lebur musnoh ono lebur nunggal
lebur musnoh iku sirno kahanane ; lebur nunggal iku salin kahanane
Urip klawan jagate iku nunggal pisah ; jagad cilik klawan jagad gede hiyo nunggal pisah
dene nunggal lebur iku koyo pepanganan sing dipangan
utowo koyo kedadian lakuning maruto nunggal klawan howo dadi ; 
lidhah (kilat), gludhug, ugo gelap (bledek).

SAMBUNGE KAENDRAN
Ing bongso siluman isih ono sapirang pirang bongso
sing isih kelbu bangsane siluman
sapirang pirang mau awit bedo ing jinise
ing bongso brekasaan ugo akeh macem jinise sing bedo bedo
ing bongso sarpo hiyo akeh macem jinise
mung tetep bongso sarpo
ing bongso peri prayangan ugo mangkono
ing bongso memedhi dedhemit ugo lelembut duwe pirang pirang macem jinise
mung ning bangsane bethoro ora ono macem jinise bethoro
ora ono perangan liyo, kejobo mung bedo ing sesebutan (jeneng)

Mangkene gamblange :
Ono wong bongso kaendran, jiwoe ngenggoni bongso dedhemit, nalikane jiwoe soyo alus, nyedhaki bongso lelembut, ning kunu njur mandeg kaalusane
jiwoe hiyo isih durung salin rupo, mulane hiyo isih tetep bongso dedhemit, mung kaalusane bedo, hiyo dudu bongso lelembut
wong bongso lelembut hiyo mangkono, isih durung salin rupo, mung wus mandeg, dadi tetep bongso lelembut mung bedo kaalusane
pepindhane ;
pomo jiwo lelmbut iku warna ijo ; jiwo bethoro warna abang
ning kunu warna ijo durung dadi abang, isih ijo semu biru ; ijo semu kuning ; ijo semu abang...
koyo mangkono sateruse.


Komentar