Tradisi Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

TRADISI JOWO
Punden - Pepunden - Dhanyang - Si mbahurekso

Tradisi iku kebiasaan sing wus turun temurun
ning tanah jowo ono tradisi pundenan ugo dhanyangan
biasae kaaran bersih deso

Saben daerah utowo wilayah iku mesti ono sing miwiti manggoni
yoiku sing mbabat alas, kaaran sesepuh
dudu uwong sing dituwekno, nanging wong sing kawitan manggon ning kunu
nalikane sesepuh kae tilar donya, papan omahe disebut punden, njur wangkene ditunu, dilawu ning kunu lan digaweno reco ning duwure, kaaran punden berundak
kanggo ngelingi ; ikiloh pepundene ; sing mbabat ; sing dadi sesepuh
mulo ono ritual pundenan, yo nyebar kembang setaman gae simbol kasempurnaan..

Si mbahurekso arane, hiyo mbahe sing njogo sawijining papan, simbah mau saiki kaaran dhanyang
wiwit anane seratan sabdopalon noyogenggong ; 'aku iki ratuning dhanyang tanah jowo'
si mbahurekso iku dumadi sing durung jalmo..
mangkene ; nalikane rogo tuwo njur rusak, mung suksmo, badan, nyowoe ora rusak, ning kunu uwonge ngrambyang nganti rusake suksmo..nalikane rogo suksmoe rusak, mung badan klawan nyowoe ora rusak, iku kaaran dhanyang..nalikane rogo suksmo badan rusak tanpo rusake nyowo arane karuhun..
bongso krambyangan, dhanyang ugo karuhun iku dumadi sing durung jalmo, ateges ngalami pati ora sampurno
bongso karuhun kae nyowoe luwih santosa tinimbang rogo suksmo badane (jiwo klawan nyowo)
krambyangan kae suksmoe luwih santosa tinimbang rogo badan nyowoe (jiwo klawan suksmo)
dhanyang kae badane luwih santosa tinimbang rogo suksmo nyowoe (jiwo klawan badan)
si mbahurekso iku asale wong sekti bongso kaendran, mati tanpo ngrusak badane, ning kunu ndhanyang nganti tekan mongso rusak badane, hiyo njogo papan uripe nalikane isih dumadi (dhanyange deso)..

Tradisi dhanyangan iku linakonan kanggo ngungkapno matur k'suwun marang si mbahurekso
iku dudu bangsane dedhemit, memedhi, ugo lelembut..
si mbahurekso iku ngawulo marang sawijining deso, tumujune mung marang raharjaning deso..
ono sing disebut kumoro, yoiku sworo sing dirungu wong akeh tanpo ono rupane, sworo sing muncul soko kaheningan
iku tondo soko si mbahurekso, nalikane ono pekewuh..


Komentar