Padunungan ( dununge )

PADUNUNGAN
.Akeh sg ngarani roso pangroso dumunung ono ing ati
.sing ono ing saknjerone ati iku angen angen
.saknjerone angen angen iku cipto
.roso pangroso iku dumunung ing jantung
.susah bungah gething dhemen wedi wani
.iku sg gawe owah gingsire kahanan jantung
.Dene koyo angen angen sg petheng (bingung) iku mergo katumusan roso pangroso
.samono ugo gingsire cipto y mergo kacampuran pangroso
.dene utek iku pucuk.e budhi
.bongkote budhi kaaran budhi kawruh kang ono ing wang wung
.Dadi sg diarani loro ati kae, angen angen sg lagi petheng...kurang sorot sunaring budhi..
.koyo mangkel muring nesu iku uwohing susah, nganti anjalar ing angen angen..
.angen angen sg katumusan pangroso kyo mangkono iku arane rahso (rosoning karep)..
hiyo rahso kang isih kasar, ndadekake pethenge angen angen
.wekasan dumunung ing gung liwang liwung.
.dadi padunungane wong wong bongso neroko..


Komentar